Thursday, January 3, 2008

47. Menouuss

MENUNGSO

Eee... susah sik jenenge menungso. Dikeki udan nggresulo .. ga ono udan gresulo. jalukane opo? Diwenehi ati ngrogoh rempelo......Yo is ... ngono iku sing jenengane menungso. Sakkarepe udele. Udan jare nggarahi kaline banjir... gak no udan mati parine... padahal ....iku mergo ko polahe dewe.

Gak de duwik susah.. kokehan duwit nggladrah.. blarah2 gawe rekosone dulur saomah... nyungsang jempalik nuruti karep kang srakah.. ra ono enteke nganti ngko dijepit tanah. Menus2... menuuus ga puas2 tah?

Omah siji jaluk loro, duwe loro jaluk telu, telu jaluk papat..... Podo wae ra mobil ra omah opo meneh semah .... Dasar srakah.. yo iku sik jeneng manungsah, nek durung mlebu lemah..... isik ngongkrah ongkrah biyayakan gawe donya bubrah.

Menus menuuus....menus.
Kapan lehmu Eling....sadar..sadoar.... butuhmu iku yo mung sapincuk sego, paling puol telung piring, jebol udelmu.......klambi cukup rong rangkep... rep lapis sepuluh?? weleh dadi guyonan wedus... Turu yo mung sak gletakan ga perlu omah kamar satus...........

O alaah menus2...
Urip sehat bregas waras, mangan enak, bojo ayu, mobil kimpling, omah magrong2, anak urip kepenak, duwik cumepak , ....opo meneh???

Krono iku elingo ..karo sing gawe rekoyoso, sing gawe ngaurip ora rekoso, yo iku sing duwe jagad royo, gusti kang moho kuoso.

Goleko dalan padang, kudu sregep sembahyang, jo nganti ngleyang no kana gentayangan dadi jin prayangan.

Oo Lole lole...
Urip ga suwe... ibarate mung manpir ngombe... koyo esuk tekan sore eman nek ga ono apa2ne..., mung waton ngglundung wae...
Yo sa elek2e ... isenono wektu2ne... karo gawe kang ono manfa'ate.
Jok ngantek mung kanggo foya2 lan ngombe2... opo maneh nyabu ndadah lan sapanunggalane..

Mengko nek wis tekan titi wancine, gak lohor ya asar sore, ga asar magrib mestine, ga magrib isa wayahe, ga isa subuh tentune, ga subuh yo lohor pestine.
Wis ga suwe2.. jo pethingkrangan mundak kokehan dosane.

Next time better
Donya ganti mongso nol pitu dadi nol wholu.
pepenget.

No comments: