Sunday, June 8, 2008

98. Argo Wilis

Argo Wilis

Argo.. gunung, Willis yo jenenge... Wilis.
Gunung wilis gede medongkrong medhedeg celake gunung Smeru.
Kolo smana wayah isih esuk umun2 hawane anyes embun kletas kletès. Eyang bethoro indro wis mbedhodot neng salah sijine pucuke Willis. Howo adem nusuk balung karo kemulan sarung nyamil pohung. Pikirane mblayang2 rada kmrungsung nandang wuyung wis suwe durung kesampean arep sowan ngarsane sang hyang Guru.
Adreng anggone mikirake pisowanan nganti ora kuwate mulo 'wuzz' mencolot mbleber nang pucuke wit dewondharu saperlu ancang2 mabur dateng padepokanipun hyang Guru saperlu nyuwun pangestu lan tambahing ngelmu.
Ati mantheng wis gumolong manunggal cepet2 mencolot tinggal landas jebul sarunge kecanthol pang garing.. grobyak cekangkangan kelaran nganti mlungker2 ngaduh biyung untung gak konangan konco2.
Nyengar nyengir pringisan eyang bethoro ngempet dengkule sik keplintir ketingkrang2 nggoniro tangi kebulet sarung.
Durung kaleksanan angggone arep mabur dumadakan pundake kroso ana sing njowal njawil.
'' Ciisss ...cis... karcis '' ndak pundi pak? ''
Whelleh2 jebul kondektur Argowilis duwal duwil arep ngontrol tiket nganti bethoro gragapan waton wae nggone njawab.
'' Bade buwuh sunatan.. teng nggene eyang Guru.. teng Metaram ''
'' Lho sinten sik bade sunat pak? ''
Lhah.. sopo yo sik arep disunat wong putrane Hayng Guru wis pada mutu kabeh?
Ach hemmm.......

8 comments:

paromo suko said...

hhmmm, hmm
(dehem-dehem)

Ki Ageng Similikithi said...

Wis dha sunat ya ora apa apa, disunat maneh. Sing nyunat Rara Wilis. Mana tahaaaan. Salam dari Vientiene

Indro Saswanto said...

Senang sekali ketemu ki Ageng yang selalu sibuk.

Ampuun Ki. Sekali saja sudah kapok sakitnya bukan main. Meski kantongnya penuh saweran.
Abis cuma pake chlorethyl dan direndem air es blum usum lidocain apalagi ethran.
Tapi kalau calake Roro Willys dari Vientiene ga popo diempet2 sitik asal jangan dijepitke pintu Willys ya.
Saya tunggu oleh2nya dari Wietnam.

Mbah Suro said...

Jaman sekolah numpak sepur dari Kebumen ke Kutoarjo setiap dikontrol karcis, aku selalu bilang SAP (surat angkutan percuma) yang biasanya dimiliki keluarga Pegawai DKA. Padahal aku nggak punya lha wong aku anak serdadu, cilik wani ngapusi, mbareng gede?...... sok jujuuur...

Indro Saswanto said...

Dari namanya, simbah memang ditakdirkan untuk ''suro'' atau berani. Setelah besar n tua orang dengar namanya saja sudah kedher. Hehe sorry yhang.

Indro Saswanto said...

Mas paromo, dos pundi? apa masih batuk? kok masih deham dehem?

paromo suko said...

aku ndehemi manten anyar, kok mas,
kemarin dulu datang dari KTA, beliau ber2 singgah ke rumah,
wah jan mesraaaaa tenan,
lalu tiba-tiba topiknya posting ini tentang sunat,
tamuku kae sunat lagi po ora yo?
*** ampuuuun ustad!, beribu ampuuuun!!!***

Indro Saswanto said...

Tukokke balok es loro, nggo ngrendhem ben ora lara. dadhunge sik gede nggo mbondo....... jo entuk bengok2........☺