Sunday, March 9, 2008

68. Goro goro

Goro goro.

Oooo....
Kocap kacarito, jaman kolo semono, ing negoro wetanan kono, penduduke lagi ngoyoworo, nggolek srono, kanggo mbenahi negoro, ucul soko bongso walondo, ganti dijajah kaisar hirohito, bonggso podo soro, didadekno romuso, untung ono perang dunyo, negoro biso merdiko, nok taon patang puluh limo.

Aaaa......
Bung Karno dadi presiden pertama, sa'durunge wis mlebu metu penjara, bui ne penjajah belanda, didampingi bung hatta, beliau kasil nggowo nama negara, kondang sak antero dunia, ganefo conefo lan konprensi asia afrika, biso ngangkat martabat bangsa, beliau ngganyang malesia lan nggo to hell ake amerika, amargo anti kapitalisma, pemerintahane pupus ing tahun anam lima.
Pak Harto presiden kedua, bekas panglima mandala, asli jogjakarta, ndeso kemusuk nggodean, dadi bapak pembangunan, mergo kasil swasembada pangan, pegang kuoso telung puluh tahunan, wah mblenger tenannan, akeh tatanan tatanan, kadang nglanggar kamanungsan, tapi rakyate makmur tenan, wolak walike jaman pak harto klendran, rada kuwalahan, brutus brutus bermunculan, puncake sembilan delapan, beliau mundur angkat tangan,

IIiiiiii..................
Presiden katelu pak habibie, tokoh ICMI, pakar teknologi, orangnya tidak terlalu tinggi, muncul gara2 reformasi, ditunjuk pak harto sendiri, sebagian rakyat malah memusuhi, meski kasil nekan devaluasi, tapi kelangan timtim lepas saka RI, ahirnya beliau diganti, muncul gus Dur sik kebak kontroversi, sering nglencer pergi keluar negeri, nuruti karepe ati, rakyate bingung ora ngerti, nganti pada demontrasi, lan ora suwi, beliaupun diganti, oleh Megawati sukarnoputri, tokoh PDI,

Eeeeeeee........
Sakbanjure, presiden Esbeye, gede duwur piyadege, saka pacitan asale, akabri pendidikane, hasil pilihan rakyate dewe, nganti seprene, durung ketok hasil perjuangane, mbrantas korupsi nok negorone, rakyate ucul dewe dewe, duwit kuwoso neng jaman sekiye, kasih uang habis perkare, diguncang bencana kono kene, saka lindu sunami nganti banjir gede, rakyat saben dinane, disuguhi acara teve, ora karu karuan tujuane, gak ono unsur pendidikanne, biso biso malah ngrusak moral bongsone, pemerintah ora melu cawe cawe, iku urusanmu dewe dewe.

Uuuuu.........
Mengkono iku, critone bangsaku, nganti taaon rong ewu wolu, durung tinemu tuju, rakyat adil makmur satuhu, moral setinggi gunung lawu, tapi ojo ragu, bangsaku, kanthi karyo lan dongamu, pasti kito bakal kasil dadi nagoro maju, koyo kekarepanmu.

2 comments:

paromo suko said...

posting orisinil iki iso dienggo bahan kroncong rap utowo rap jula-juli.opo perlu digolekke produser to? kok tak intip dari posting ke posting dari komen ke komen, sajake njenengan lagi keno virus rap berat.
opo goro-goro keno virus 'anoman obong' generasi IV ?
ayo ngebrap teruuuus, ngeblog karo ngerap terus.

Indro Saswanto said...

iyo mas, viruse lagi dibenahi bu menkes... soale virus juga bisa jadi ladang bisnis ☺