Thursday, March 27, 2014

Surat (4 ). Dead or birth Cucuku Mengingat kematian adalah lebih baik dari pada mengingat kelahiran. Cucu cucu ku, ora ono gunane Kowe kabeh eling marang kelahiran mu nang donya iki. Kelahiran ono donya iki dudu barang kang nyenengake, buktine biyen Kowe nangis rikolo lahir. Pancen wong tua mu, lan wong wong sekitar mu podo ngguyu ngguyu, iku kerono mergo ora ngertine. Suwalike sukmben yen Kowe mati, Kowe bisao ngguyu ngguyu lan wong liyo ben wae podo tangisan, ojo nganti koq Kowe mati dadi guyonnane wong liyo lan Kowe tangisan mergo kudu ngadepi sikso sing abot nang akherat. Cucu cucu ku. Budoyo happy birth day Iku dudu budayane panutanmu, iku Budoyo ne mas Panut. Yen panutan mu saben dino kelahiranne ora nate hura hura, malah panutan mu iku poso. Sedih... Ora happy happy. Cucu ku. Ora ono gunane Kowe ngeling eling kelahiran mu, elingo marang kematian mu. Ngeling eling kelahiran malah soro. ...... Buktine eyang dino iki pas dino kelahiran ne, dudu kesenangan sing teka, nanging sing teka, sing eyang tompo ing dino iki malah kudu pisah karo Kowe kabeh, mergo di pensiun. Cucu ku. Ngeling eling mati iku gede banget paedahe mungguhe wong kang percoyo anane akherat. Kanti eling kematian Kowe kabeh biso luwih nggetu anggone golek amal kanggo sangu nang kana besok. Neng kana besok Kowe bakal dijaluki pertanggung jawaban kabeh tingkah laku mu nang donya iki. Abot banget, cucu ku. Kowe eling to kasuse dr ayu, sing kaya ngono wae wis gawe geger wong sak donya, mongko Mung dipenjara sepuluh wulan, isik biso nonton tv, mangan enak, turu kepenak, .. lha nek nang neroko, di bakar kaya sate, di gebuk kaya kenthongan, lsp. apane sing enak kepenak? Mulo putuku, elingo marang kematian, lan siap no amal mu kanggo sangu mbesok....... Piye? Isik happy karo kelahiran mu.

2 comments:

paromo suko said...

wingi teng sekolahan bu guru ngendika teng kanca2:
anak-anak, besok dimas ulang-tahun, ayo kita siapkan kadonya yaaa... (yaaa bu guru)
dimas, nanti bilang sama mamah: mah besok dimas mau ulang-tahun di sekolah, mamah bikinkan kue ya... nanti di bawa ke sekolah

woooooo...... kojur

Ning Gustin Puspita said...

Maa syaa ALLAH
Baarakallahu fiikum pak dokter
Sepakat sekali

Jadi ingat kalo anak anak ke tempat praktek. Anak anak selalu berlari lari ga bisa diam selalu aja banyak pertanyaan. Saya sudah deg2 an takut kena marah. Alhamdulillah ternyata dokternya begitu ramah baik hati dan mau merespon setiap pertanyaan pasien. Baarakallahu fiikum pak Indro
Semoga ALLAH selalu melindungi bapak sekeluarga
Aamiin